Disini saya akan memposting tentang peribasan basa jawa atau peribahasa dalam bahasa jawa. selain peribasan basa jawa disini juga dijelaskan arti dalam basa jawa dan bahasa Indonesia.
Inilah dia 30 Paribasan Jawa :
1. Adigang, adigung, adiguna
- wong sing ngandelake kekuatan, keluhuran, lan kapinterane
- orang yang mengendalikan kekuatan, keluhuran dan kepinteranya
2. Ana gula ana semut
- panggonan sing ngrejekeni mesthi akeh sing nekeni
- tempat yang menguntungkan akan banyak yang mendatangi
3. Angon mangsa
- golek wektu sing prayoga
- mencari waktu yang tepat
4. Bebek mungsuh mliwis
- wong pinter mungsuh wong pinter
- orang pintar melawan orang pintar
5. Becik ketitik ala ketara
- becik ala bakal ketara ing tembe mburine
- kebaikan kejahatan pasti akan terlihat
6. Bung pring petung
- bocah sing gelis gedhe
- anak yang cepat besar
7. Cebol nggayuh lintang
- duwe kekarepan sing mokal bakal kelakon
- punya keinginan yang susah terjadi
8. Cecak nguntal empayak
- gegayuhan sing ora timbang karo kekuatan
- kehendak yang tidak seimbang dengan kekuatan
9. Diwenwhi ati ngrogoh rempela
- diwenwhi setitik njaluk akeh
- diberi sedikit minta banyak
10. Emprit abuntut bedug
- prakara sepele dadi gedhe
- masalah kecil jadi besar
11. Entek jarake
- Entek kasugihane
- kekayaanya habis
12. Esuk dhele sore tempe
- Mlenca-mlence
- Plin-plan
13. Gajah ngidak rapah
- wong sing nrajang wewalere dewe
- orang yang melanggar omonganya sendiri
14. Golek banyu bening
- golek pitutur sing becik
- mencari ilmu yang baik
15. Gupak pulut ora mangan
- melu rekasa ora melu kepenake
- ikut susah tetapi tidak ikut senang
16. Jer basuki mawa bea
- kabeh gegayuhan mbutuhake wragat
- semua keinginan membutuhkan biaya
17. Kadang konang
- ngakoni sedulur mung sing sugih
- mengakui saudara hanya yang kaya saja
18. Kakehan gludhug kurang udan
- kakean omongan nanging ora ana buktine
- terlalu banyak omongan sedikit buktinya
19. Kaya banyu karo lenga
- paseduluran sing ora bisa rukun
- persaudaraan yang tidak bisa rukun
20. Kebo kabotan sungu
- wong tuo sing rekasa amarga kakehan anak
- orang tua yang suah karena kebanyakan anak
21. Kencana katon wingka
- sanajan apik tetep ora seneng
- walaupun cantik tetep tidak suka
22. Ketiban awu anget
- ora ngerti apa-apa didakwa
- tidak tahu apa-apa disalahkan
23. Krokot ing galeng
- wong sing mlarat banget
- orang yang miskin sekali
24. Lanang kemangi
- wong lanang sing jirih
- laki-laki yang penakut
25. Mikul dhuwur mendhem jero
- njunjung drajade wong tuo
- mengangkat derajatnya orang tua
26. Nambang laku
- ethok-ethok ora ngerti
- pura-pura tidak tahu
27. Nututi layangan pedhot
- ngupaya barang sepele sing wis ilang
- mencari barang kecil yang sudah hilang
28. Ngalasake negara
- ora manut pranatane negara
- tidak patuh peraturan negara
29. Ngalem legining gula
- Nyebut kaluwihane wong liya
- menyebutkan kelebihan orang lain
30. Nglungguhi klasa gumelar
- nemu kepenake tanpa melu rekasane
- ikut bahagia tanpa ikut sengsara
Tidak ada komentar:
Posting Komentar